dcsimg

Markisa ( јавански )

добавил wikipedia emerging languages

Markisa éwoning tuwuhan génus Passiflora, asalè saka laladan tropis lan sub tropis ing Amèrika lan akèh ditandur ing nagara Brazillia, Australia, Fiji, Kènya lan Afrika.[1] Ana ing laladan asalè markisa akèh urip ana ing alas-alas lan jinisè uga warna-warna.[2] Ing Indonèsia uga akèh ditandur ing laladan Sumatera Lor, Sumatera Kulon, Sumatera Kidul, Jawa Kulon, Sulawesi Kidul, lan ing laladan-laladan liyanè.[1] Ing Indonèsia ana rong jinis markisa ya iku markisa ungu passiflora edulis kang urip ana ing dataran dhuwur lan markisa kuning passiflora flavicarva kang urip ana ing dataran cendhèk.[3] Saliyané iku uga ana jinis markisa markisa konyal (Passiflora lingularis) lan markisa erbis (Passiflora quadrangularis).[4] Laladan kang dadi sèntra produksi markisa iki kaya ta Sumatera Lor, lan Sulawesi Kidul.[3] Markisa kang diasilakèè ana ing Indonésia racaké kanggo digawè sirup markisa.[4] Sirup markisa iki duwè manfaat kanggo awak.[4]

Manfaatè

Markisa duwè khasiat kanggo tamba

Kandungan kang ana ing markisa uga bisa kanggo antioksidan kanker. Markisa iki uga apik kanggo tamba

Kejaba saka iku markisa uga bisa kanggo penenang saraf lan penyèhat piranti rèproduksi uga kanggo penambah stamina.[6]

Gladri

Cathetan suku

  1. a b Perbanyakan Tanaman Markisa (Dipuntingali tanggal 23 April 2011)
  2. Markisa : Buah Seksi Nan Ekonomis (Dipuntingali tanggal 23 April 2011)
  3. a b Sunarjono, Hendro. Berkebun 21 Jinis Tanaman Buah. Niaga Swadaya. ISBN 979-489-843-0.
  4. a b c Resep Olahan Markisa (Dipuntingali tanggal 23 April 2011)
  5. Khasiat Buah Markisa (Dipuntingali tanggal 23 April 2011)
  6. a b Menyesap Laba Sirup Markisa (Dipuntingali tanggal 23 April 2011)
лиценца
cc-by-sa-3.0
авторски права
Penulis lan editor Wikipedia
изворно
посети извор
соработничко мреж. место
wikipedia emerging languages

Markisa: Brief Summary ( јавански )

добавил wikipedia emerging languages

Markisa éwoning tuwuhan génus Passiflora, asalè saka laladan tropis lan sub tropis ing Amèrika lan akèh ditandur ing nagara Brazillia, Australia, Fiji, Kènya lan Afrika. Ana ing laladan asalè markisa akèh urip ana ing alas-alas lan jinisè uga warna-warna. Ing Indonèsia uga akèh ditandur ing laladan Sumatera Lor, Sumatera Kulon, Sumatera Kidul, Jawa Kulon, Sulawesi Kidul, lan ing laladan-laladan liyanè. Ing Indonèsia ana rong jinis markisa ya iku markisa ungu passiflora edulis kang urip ana ing dataran dhuwur lan markisa kuning passiflora flavicarva kang urip ana ing dataran cendhèk. Saliyané iku uga ana jinis markisa markisa konyal (Passiflora lingularis) lan markisa erbis (Passiflora quadrangularis). Laladan kang dadi sèntra produksi markisa iki kaya ta Sumatera Lor, lan Sulawesi Kidul. Markisa kang diasilakèè ana ing Indonésia racaké kanggo digawè sirup markisa. Sirup markisa iki duwè manfaat kanggo awak.

лиценца
cc-by-sa-3.0
авторски права
Penulis lan editor Wikipedia
изворно
посети извор
соработничко мреж. место
wikipedia emerging languages