dcsimg

Kaktus ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Kaktus iku jeneng kang diwènèhaké kanggo anggota tetuwuhan ngembang famili Cactaceae.

Kaktus bisa tuwuh ing wektu kang suwé tanpa banyu.[1] Kaktus biyasa tinemu ing laladan-laladan kang garing (ara-ara).[1] Tembung jamak kanggo kaktus ya iku kakti.[2] Kaktus duwé oyot kang dawa kanggo golèk banyu lan ngambakaké panyerepan banyu sajeroning lemah.[1] Banyu kang diserep kaktus disimpen sajeroning ruwang ing batangé.[1] Kaktus uga duwé godhong kang malih wangun dadi eri saéngga bisa ngurangi panguapan banyu liwat godhong.{[3] Mula, kaktus bisa tuwuh kanthi wektu kang suwé tanpa banyu.[3]

Sajarah

Panemon ngenani kaktus dipercaya diwiwiti suwé sadurungé bangsa Éropah nemu Donya Anyar.[4] Nanging, manéka informasi ngenani tuwuhan mau ilang nalika dumadi panjajahan déning Spanyol.[4] Réferènsi pisanan ngenani tuwuhan kaktus tinemu nalika abad kaping 16 sajeroning bab 16 saka buku Historia general y natural de las Indias (1535).[4] Panulis buku mau, Hernandez de Oviedo y Valdez ndhèskripsikaké kaktus minangka tuwuhan kang duwé eri kang kas lan woh kang unik.[4] Sapérangan gedhé spésies kaktus asalé saka Amérika Lor, Kidul, lan Tengah.[4] Genus kaktus pisanan kang diimpor menyang Éropah ya iku Melocactus.[4] Sawijining botaniawan asal Swedia, Carl Linnaeus, mènèhi jeneng kaktus kang dijupuk saka basa Yunani Κακτος kaktos.[4] Sajeroning basa Yunani klasik, tembung mau duwé makna tuwuhan alasan mawa eri.[4]

Habitat

Mung saprapat saka kabèh total spésies kaktus kang urip ing laladan ara-ara.[5] Sisané urip ing laladan semi-ara-ara, ara-ara garing, hutan meranggas, utawa ara-ara.[5] Lumrahé, tetuwuhan iki urip ing laladan mawa iklim tropis lan subtropis.[5]

Morfologi

Kaktus kalebu sajeroning golongan tuwuhan sukulen amarga bisa nyimpen persediaan banyu ing batangé.[5] Batang tuwuhan iki bisa nampung volume banyu kang gedhé lan duwé wangun kang manéka variasi.[5] Kanggo bisa tahan ing laladan ara-ara kang gersang, kaktus duwé metabolisme tinentu.[5] Tetanduan iki mbukak stomatané ing dina wengi nalika cuaca luwih adhem tinimbang awan kang panas.[5] Ing dina wengi, kaktus uga njupuk CO2 saka lingkungan lan nyimpen ing vakuola kanggo dipigunakaké nalika fotosintesis dumadi (mligi nalika awan).[5] Akèh spésies saka kaktus kang duwé eri kang dawa sarta landhep.[5] Eri mau wujud modhifikasi saka godhong lan dimupangataké minangka protèksi saka hèrbivor.[5] Kembang kaktus kang migunani sajeroning reproduksi tuwuh saka pérangan kèlèk utawa areola lan nèmpèl ing tetuwuhan sarta ora duwé gagang kembang[5].

 src=
Kaktus mawa eri kang dawa sarta landhep.

Ama lan lelara

Lelara kang lumrahé nyerang kaktus disebabaké déning baktèri lan cendhawan.[6] Infèksi akibat baktèri lan cendhawan bisa nyebar kanthi rikat saéngga perlu dilakokaké pambuwangan pérangan kang kena infèksi banjur dilakokaké pancangkokan.[6] Ama kang asring nyerang kaktus ya iku tungau (Tetranychus urticae) lan kutu kang ngisep cuwèran kaktus.[6] Karusakan pérangan tinentu saka kaktus uga bisa disebabaké kobongé jaringan akibat sinar srengéngé.[6] Yèn kaktus kang biyasa disèlèhaké ing papan edhum kanthi dadakan dipindah menyang lokasi kang kena sinar srengéngé kanthi langsung mula bakal muncul owah-owahan warna dadi putih utawa coklat ing pérangan kang kasorot déning sinar srengéngé.[6]

Kagunan kaktus kanggo manungsa

Manéka jinis kaktus wis suwé dimupangataké manungsa minangka sumber pangan, salah sijiné ya iku Opuntia[7]. Spesies iki akèh dikultivasi kanggo dijupuk woh lan batang enomé.[7] Woh Opuntia akèh diolah dadi selai kang diarani queso de tuna[7] Sauntara iku, batang enom Opuntia kang ditepungi minangka nopalitos bakal dikuliti lan digorèng, dikukus, utawa diolah dadi acar sajeroning cuka kecut-legi. Saiki, Opuntia uga isih dimupangataké minangka pakan sato iwèn, kosmètik, lan usada.[8] Biyèné, spésies kaktus Carnegiea gigantea dimupangataké minangka bahan dhasar glepung kanggo gawé roti.[5] Nanging glepung iki wis ora dimupangataké manèh amarga masarakat luwih seneng glepung saka jagung.[5] Pérangan oyot saka Echinocactus platyacanthus uga diolah sajeroning cuwèran gula kanggo didadèkaké permèn.[5] Pérangan oyot kang ngandhut kayu utawa pembuluh vaskular kang ngandhut lignin saka kaktus uga dimupangataké minangka bahan yasan lan bahan bakar.[5]

Konservasi kaktus

Diwasa iki, manéka spésies kaktus kaancam cures amarga anané pangrusakan habitat alaminé lan èksplorasi linuwihan kang dilakokaké manungsa.[9] Biyèné, kaktus diimpor sajeroning gunggung gedhé menyang Amérikah Sarékat, Éropah, Australia, lan Jepang amarga kalebu komoditi kang nguntungaké.[9] Nanging, dagang kaktus mau wiwit diendhegaké sadurungé Perang Donya II.[9] Saiki, kaktus kalebu sajeroning dhaftar Apendiks I lan II Convention on Internasional Trade in Endangered Species (CITES) kang mènèhi pangreksan marang tuwuhan iki.[9] CITES uga nggalakaké usaha propagasi gawéan kanggo nglestarèkaké kaktus.[9] Tuwuhan asil propagasi utawa pangokèhan gawéan wujud tuwuhan kang asalé saka wiji, propagula, uga stèk kang ditandur ing lingkungan kakontrol.[9] Sapérangan nagara uga nglarang keras dagang kaktus, mligi menyang manca nagara.[9] Sapérangan usaha konservasi kaktus uga wis dilakokaké, ing antarané ya iku palestarian ex situ ing sajeroning tuwuhan botani.[9] Kaca.128-138

Gladri foto Kaktus

Cactacea

Réferènsi

  1. a b c d Nobel, Park S. (2002). Cacti: Biology and uses. University of California Press. ISBN 978-0-520-23157-3.Hal.68-70
  2. B.J. Nicol (2007). Life as a Cactus. Xulon Press. ISBN 978-1-60266-265-0.Hal.1
  3. a b {en}}Nobel, Park S. (2002). Cacti: Biology and uses. University of California Press. ISBN 978-0-520-23157-3.Hal.23-24
  4. a b c d e f g h Anderson, Edward F. (2001). The Cactus Family. Timber Press, Incorporated. ISBN 0-88192-498-9.
  5. a b c d e f g h i j k l m n o Subik R, Kunte L (2003). The Complete Encyclopedia of Cacti. Rebo Publisher. ISBN 90-366-1494-5.
  6. a b c d e {{en}Kelly J, Olsen M (2008). [cals.arizona.edu/pubs/garden/az1399.pdf "Problems and Pests of Agave, Aloe, Cactus and Yucca"] Priksa gandra |url= (pitulung) (PDF). College of Agriculture and Life Sciences, The University of Arizona. Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)
  7. a b c Candelario Mondragón-Jacobo, Salvador Pérez-González, (2002). Cactus (Opuntia spp.) as forage. Food & Agriculture Organization of the United Nations. ISBN 978-92-5-104705-7.
  8. VIGUERAS GAL, Ortillo LP (2001). "USES OF OPUNTIA SPECIES AND THE POTENTIAL IMPACT OF CACTOBLASTIS CACTORUM (LEPIDOPTERA: PYRALIDAE) IN MEXICO" (PDF). Florida Entomologist 84 (4): 493–8. Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)
  9. a b c d e f g h Nobel, Park S. (2002). Cacti: Biology and uses. University of California Press. ISBN 978-0-520-23157-3.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Kaktus: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Kaktus iku jeneng kang diwènèhaké kanggo anggota tetuwuhan ngembang famili Cactaceae.

Kaktus bisa tuwuh ing wektu kang suwé tanpa banyu. Kaktus biyasa tinemu ing laladan-laladan kang garing (ara-ara). Tembung jamak kanggo kaktus ya iku kakti. Kaktus duwé oyot kang dawa kanggo golèk banyu lan ngambakaké panyerepan banyu sajeroning lemah. Banyu kang diserep kaktus disimpen sajeroning ruwang ing batangé. Kaktus uga duwé godhong kang malih wangun dadi eri saéngga bisa ngurangi panguapan banyu liwat godhong.{ Mula, kaktus bisa tuwuh kanthi wektu kang suwé tanpa banyu.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia