dcsimg

Mirkat ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Mirkat utawa surikat (Suricata suricatta) ya iku karnivor cilik sing kalebu ing famili Herpestidae. Kéwan iki siji-sijiné anggota génus Suricata.[2] Mirkat uripé ing saindhenging Segara wedhi Kalahari ing Botswanah uga ing pérangan gedhéné Segara wedhi Namib ing Namibiah lan Angolah iring kidul-kulon, lan ing Afrikah Kidul. Grombolan mirkat ingaran "komplotan". Sakomplotan mirkat adaté dumadi saka watara 20 anggota, nanging uga ana sing akèhé anggota nganti 50 utawa punjul. Ing panangkaran, mirkat umuré rata-rata antarané 12-14 taun, déné ing alam bébas umuré rata-rata mung saparoné.

Ètimologi

"Mirkat" iku tembung silihan saka basa Afrikaans (diucapaké [ˈmɪərkat]).[3] Jenengé asalé saka basa Walanda, nanging béda tegesé. Ing basa Walanda, meerkat tegesé kethèk saka génus Cercopithecus.[4] Tembung meerkat ing basa Walanda werdiné literal iku "kucing tlaga", nanging sanadyan surikat wujudé kaya kucing, kéwané ora kalebu ing kulawarga kucing.[5] Ing basa Walanda, tembung iki bokmanawa dijupuk saka tembung andhahan ing basa Sansekerta markaṭa (मर्कट) sing tegesé "benthung"[6] nalika wong VOC dedagangan karo sudagar Indhi ing Afrikah.[7]

Rujukan

  1. Jordan, N. R.; Do Linh San, E. (2015). "Suricata suricatta". IUCN Red List of Threatened Species (IUCN) 2015: e.T41624A45209377. doi:10.2305/IUCN.UK.2015-4.RLTS.T41624A45209377.en. Dijupuk 28 March 2017.
  2. Wozencraft, W.C. (2005). "Genus Suricata". In Wilson, D.E.; Reeder, D.M. Mammal Species of the World: A Taxonomic and Geographic Reference (ed. 3rd). Johns Hopkins University Press. k. 571. ISBN 978-0-8018-8221-0. OCLC 62265494.
  3. Durkin, Philip (2014). Borrowed Words: A History of Loanwords in English. OUP Oxford. k. 359. ISBN 978-0-19-166707-7.
  4. Aertsen, Henk; Jeffers, Robert J. (1993). Historical Linguistics 1989: Papers from the 9th International Conference on Historical Linguistics, New Brunswick, 14–18 August 1989. John Benjamins Publishing Company. k. 315. ISBN 978-90-272-7705-3.
  5. New International Encyclopedia. Dodd, Mead. 1916. k. 348.
  6. Harper, Douglas. "meerkat". Online Etymology Dictionary.
  7. Mitrani, Judith L. (2014). Psychoanalytic Technique and Theory: Taking the Transference. Karnac Books. k. 192. ISBN 978-1-78220-162-5.
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Mirkat: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Mirkat utawa surikat (Suricata suricatta) ya iku karnivor cilik sing kalebu ing famili Herpestidae. Kéwan iki siji-sijiné anggota génus Suricata. Mirkat uripé ing saindhenging Segara wedhi Kalahari ing Botswanah uga ing pérangan gedhéné Segara wedhi Namib ing Namibiah lan Angolah iring kidul-kulon, lan ing Afrikah Kidul. Grombolan mirkat ingaran "komplotan". Sakomplotan mirkat adaté dumadi saka watara 20 anggota, nanging uga ana sing akèhé anggota nganti 50 utawa punjul. Ing panangkaran, mirkat umuré rata-rata antarané 12-14 taun, déné ing alam bébas umuré rata-rata mung saparoné.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia