dcsimg

Séngon segara ( الجاوية )

المقدمة من wikipedia emerging languages

Sengon Laut utawa Jeungjing ya iku tuwuhan kayu kang kalebu anggota suku Fabaceae.[1] Tuwuhan kang dianggep duwé kaluwihan paling rikat gedhé ing donya iki bisa thukul nganti 7meter ing wektu umur setaun.[1] Nama ngèlmiahé ya iku Paraserianthes falcataria.[1] Sengon Laut iki kayuné ènthèng lan wernané putih, cocog kanggo konstruksi cilik-cilikan kaya ta peti kemas kanggo buah, papan partikel (particle board) lan triplèk (blockboard).[1]

Jeneng liya kayu Sengon Laut ing saben laladan iku béda-béda.[1] Kayata sika, selawaku (Maluku), baé, bai, wai, wahogon (Papua), batai Malaysia, kalbi, albasiah atau albise.[1] Ing basa Inggris disebutaké kanti jeneng Moluccan sau, falcata, atau white albizia.[1]

Wujud

Tuwuhan iki bisa gedhé nganti dhuwuré 40m lan ambané 100sènti.[1] Sengon Laut kayuné lumrahé lurus lan silinder.[1] Werna kulité klawu utawa rada putih, lunyu, kutil.[1]

Godhong majemuk lan sirip loro, sirip-sirip godhong cacahé 6-20 pasang, ing saben sijiné ana 6-26 pasang godhong kang wujudé èlips rada dawa.[1]

Kembang kelamin gandha, kang kumpul dadi siji ing jero bulir kang ngepang 10–25 cm, manggoné ana ing ngisor pang godhong, kelopak kembang dhuwuré 2mili.[2] Tabung makutha wujudé kaya corong, putih lan bisa malih warna kuning, dhuwuré 6mili.[2] Benangsari cacahé akèh, putih, lan metu saka makutha, ing ngisoré dadi siji dadi tabung.[2]

Woh polong tipis kaya pita, lurus, 6-12 × 2 cm, Wiji 16 bisa luwih lan bisa kurang.[2]

Sifat kayu

Kayu sengon laut wernané putih lan uga ana sing coklat nom.[2] Kayu iki duwèni kulit jero kang lunyu lan pliket, tekstur kasar lan rata.[2] Kayu kang isih seger ambuné kaya pete, lan bisa ilang ambuné yèn kayu wis garing.[2] Kayu sengon Laut kagolong kayu kang ènthèng, kayu iki kagolong ing kelas kuwat IV-V, lan kelas awèt IV-V.[2] Kayu iki gampang diawètké lan uga gampang digaringké, nanging kayu iki gampang béngkong nalika wis garing.[2]

Manfaat

Ing Jawa Barat, kayu Sengon Laut akèh sing nggunakaké dadi bahan gawé omah kaya ta papan, kasau, balok, cagak lan liya-liyané.[2] Ingi Maluku, ing jaman biyèn kayu sengon biyasa digawé bahan kanggo tameng, amarga ènthèng, ulet lan angèl pecah.[2]

Saiki kayu sengon biyasa digawé kanggo papan, peti kemas buah, venir, pulp utawa (bubur kayu), papan serat (fiber board), papan partikel (particle board), papan triplèk (blockboard), korek, kelom (alas kaki).[2] Sengon uga kerep ditandur kanggo tuwuhan hias, wit iki bisa kanggo njaga erosi, rabuk ijo, lan bisa kanggo kayu obong.[2] Godhongé bisa kanggo pakan kéwan wedhus, kulité bisa ngasilaké zat penyamak.[2]

Ekologi

Panggon asli Paraserianthes falcataria ya iku alas primer, nanging uga bisa urip ing alas sékundhèr lan ing pinggir-pinggir kali lan uga ana ing pinggir segara.[1] sengon Laut cocog ing papan kang iklim teles lan rada garing, wiwit saka dataran cendhèk nganti tekan pagunungan ing jarak 1.500 m dpl.[1] Wit iki bisa urip ing tanah kang ora subur, tanah teles utawa ing tanah asin.[1] Sengon Laut uga akèh ditandhur ing wujud wanatani, campur karo manéka tuwuhan liya kaya ta pari, lombok, lan liya-liyané.[1]

Cara Nandur

Wiji engon Laut iku angèl thukul.[1] Mula sadurungé ditandur, wiji Sengon kudu disiram nganggo banyu panas lan dikom 24 jam.[1] Banjur, sawisé iku nembé bisa didhedher ing bèdhèng lan dipindah ing pot nalika winih wis umur 2-3 wulan.[1] Yèn wis umur 3 wulan bisa dipindah saka pot lan bisa ditandhur ing tanah kang wis disediaaké.[1] Wiji sengon cukup dipémé nganti 10-15 dina sadurungé disimpen.[1] Panyimpenan kang apik ya iku wadhah garing lan ditutup rapet iku bisa awèt nganti setaun.[1]

Sengon lumrahé ditandur kanti jarak 2m × 2m nganti 4m × 4m.[1] Kanggo kabutuhan produksi kayu, panèn lumrahé bisa ing umur 5 taun.[1]

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w Soerianagara, I. dan RHMJ. Lemmens (eds.). 2002. Sumber Daya Nabati Asia Tenggara 5 Pohon penghasil kayu perdagangan yang utama.Balai Pustaka. Jakarta. Hal. 343-349
  2. a b c d e f g h i j k l m n Cornelis Gijsbert Gerrit Jan van Steenis. 1981. Flora, untuk sekolah di Indonésia. Pradnya Paramita, Jakarta. Hal. 214-215.

ترخيص
cc-by-sa-3.0
حقوق النشر
Penulis lan editor Wikipedia
النص الأصلي
زيارة المصدر
موقع الشريك
wikipedia emerging languages

Séngon segara: Brief Summary ( الجاوية )

المقدمة من wikipedia emerging languages

Sengon Laut utawa Jeungjing ya iku tuwuhan kayu kang kalebu anggota suku Fabaceae. Tuwuhan kang dianggep duwé kaluwihan paling rikat gedhé ing donya iki bisa thukul nganti 7meter ing wektu umur setaun. Nama ngèlmiahé ya iku Paraserianthes falcataria. Sengon Laut iki kayuné ènthèng lan wernané putih, cocog kanggo konstruksi cilik-cilikan kaya ta peti kemas kanggo buah, papan partikel (particle board) lan triplèk (blockboard).

Jeneng liya kayu Sengon Laut ing saben laladan iku béda-béda. Kayata sika, selawaku (Maluku), baé, bai, wai, wahogon (Papua), batai Malaysia, kalbi, albasiah atau albise. Ing basa Inggris disebutaké kanti jeneng Moluccan sau, falcata, atau white albizia.

ترخيص
cc-by-sa-3.0
حقوق النشر
Penulis lan editor Wikipedia
النص الأصلي
زيارة المصدر
موقع الشريك
wikipedia emerging languages