dcsimg

Kembang lilin ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

 src=
Kembang lilin

Kembang lilin duwé jeneng élmiyah Pachystachys lutea ya iku tetuwuhan perdu ngembang saka kulawarga Acanthaceae. Kembang iki duwé kembang kang kaya déné lilin lan asring ditandur mawa kembang hias ing pekarangan. Ing basa énggris dikenal uga kanthi jeneng lollipop plant (wit lolipop) lan golden shrimp plant (kembang urang). Kembang iki tuwuh ing dharatan cendhèk kang sugih humus. Suket iki dhuwuré 30-100 cm. Galihé kasar werna soklat. Godhongé tunggal lansét dawané 5-15 cm. Kembangé werna kuning lan wijiné bunder ireng tur atos. Oyoté nyrabut wernané soklat. Kembang iki ditandur mawa stèk galih.[1]

Piguna

 src=
Kembang lilin ing pekarangan

Godhong kembang lilin bisa kanggo tamba lara diaré. Cara nggunakaké ya iku godhongé digodhog karo banyu nganti umub. Banjur ditunggu nganti adhem lan diombé sedina kaping telu.

Rujukan

  1. Nuris Nuraini, Dini (2014). Aneka Daun Berkhasiat Untuk Obat. Yogyakarta: Gava Media. k. 40. ISBN 978-602-7869-42-4.
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Kembang lilin: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages
 src= Kembang lilin

Kembang lilin duwé jeneng élmiyah Pachystachys lutea ya iku tetuwuhan perdu ngembang saka kulawarga Acanthaceae. Kembang iki duwé kembang kang kaya déné lilin lan asring ditandur mawa kembang hias ing pekarangan. Ing basa énggris dikenal uga kanthi jeneng lollipop plant (wit lolipop) lan golden shrimp plant (kembang urang). Kembang iki tuwuh ing dharatan cendhèk kang sugih humus. Suket iki dhuwuré 30-100 cm. Galihé kasar werna soklat. Godhongé tunggal lansét dawané 5-15 cm. Kembangé werna kuning lan wijiné bunder ireng tur atos. Oyoté nyrabut wernané soklat. Kembang iki ditandur mawa stèk galih.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia