dcsimg

Lili laut ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages
 src=
Jimbacrinus bostocki

Crinoidea (lili laut) ya iku kéwan laut kang wujudé kaya kembang lili. Jeneng iki dijupuk saka basa Yunani krinon kang maksudé "lili" lan eidos kang artiné "wujud".[1] Kéwan iki racaké urip ning banyu sing cethèk utawa ning sajeroné banyu nganti 6.000 mèter. Lili laut kang wis diwasa nèmplèk ning sak jeroné segara karo nancepaké bongkoté.[2] Crinoidea kang ora duwé kayu sok karan bintang bulu[3] utawa comatulids.[4]

Ciri Awaké

  1. Makroskopis
  2. Ora duwé endhas
  3. Ora duwé eri
  4. Duweni wujud kaya ta nenek moyangé, ya iku oral mring dhuwur.
  5. Awaké ya iku saka calyx (mangkuk cilik pelat kapur) & 5 buah tangan (dawa & lentur).
  6. Rangka awaké saka kalsium karbonat
  7. Tangan cawangé 2 ning pangkal nanging kaya duwé 10 tangan.
  8. Ning tangan ana pang cilik kanggo nyekel/nyaut panganan (pinula)
  9. Ana tangkai dawa kang gunané kanggo menempelaké crinoidea iki ning watu.
  10. Ana celah ambulakral bersilia ning oral lengan lan pinula.
  11. Ana ciri kang ana dawa ning pucuk utawa ning ngisor oral, piranti kanggo nèmplèkaké awak.
  12. Rangka kapur dadi rangka internal kanggo ngadegaké lan piranti jaga-jaga.
  13. Sistem saraf jala
  14. Pernapasan nganggo angsang kulit

Sipat Urip

Obah

Crinoidea obah kanthi cara:

Banyu mlebu mring pori, saluran batu, saluran cincin kang ana mubengi otot mubeng, mlebuné banyu bakal gawé kontraksi otot kanggo ngobahaké sikil.

Prosès Mangan

 src=
Crinoid bertangkai

Crinoidea mangané knthi nyaring partikel cilik panganan saka banyu laut nggunakaké wulu kaya ta tangan. Pérangan iki duwé yiyid kang pliket, kang bakal nyekel panganan kang ngliwati dhèwèké. Sawisé panganan kecekel, bakal digawa mring celah ambulakral bersilia kang ana ning lengen lan pinula, terus dialiraké mring cangkem. Lumrahé, Crinoidea kang urip ing laladan karo populasi plangton sithik, bakal duwé pang tangan kang luwih akèh dibandingaké sing urip ning laladan manawa akèh planktoné.[5]

Crinoidea duwé organ pencernaan kang ana ning calyx. Panganan dibuang ning anus kang ana ning cedhak cangkem.

Rujukan

  1. Webster's New Universal Unabridged Dictionary. 2nd ed. 1979.
  2. "sea lily". Encyclopædia Britannica. Dijupuk 14 March 2011.
  3. "feather star". Encyclopædia Britannica. Dijupuk 14 March 2011.
  4. Ausich, William I.; Messing, Charles G. "Crinoidea". Tree of Life. Dijupuk 14 March 2011.
  5. Barnes, Robert D. (1982). Invertebrate Zoology. Philadelphia, PA: Holt-Saunders International. kk. 997–1007. ISBN 0-03-056747-5.
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Lili laut: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages
 src= Jimbacrinus bostocki

Crinoidea (lili laut) ya iku kéwan laut kang wujudé kaya kembang lili. Jeneng iki dijupuk saka basa Yunani krinon kang maksudé "lili" lan eidos kang artiné "wujud". Kéwan iki racaké urip ning banyu sing cethèk utawa ning sajeroné banyu nganti 6.000 mèter. Lili laut kang wis diwasa nèmplèk ning sak jeroné segara karo nancepaké bongkoté. Crinoidea kang ora duwé kayu sok karan bintang bulu utawa comatulids.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia